TAMAN SARI , AMRIH LESTARI



TAMAN SARI , AMRIH LESTARI
 
Taman sari minangka warisan lan kelebu peranga
n KRATON Ngayogyakarta,nanging saiki malah mekar dadi kawasan pemukiman.
Bab mangkana iku banjur nuwuhake maneka warna perkara sosial,budaya,politik tanpa bisa disingkiri. Banjur kepie carane ngupaya amrih Taman sari bisa lestari, ora rusak amargo kemajuan jaman?????
Sejatine Taman Sari iku kejaba asset wisata uga asset budaya amarga setatuse minangka peninggalan purbakala.Taman Sari duwe kaluwihan ditandingake karo obyek wisata liane,
Kajaba duwe situs sejarah awit minangka peranganing kraton uga papane gampang dituju dening wisatawan.
Perangane Taman Sari ana sing aran Kraton Pula Kenangan. Kraton Pula Kenangan minangka mapane Sri Sultan HB I nganti III. Ing Taman Sari uga dikantheni Masjid Taman Sari sing dumadi saka 2 tataran, tataran 1 kanggo sholat Permaisuri, tataran 2 kanggo sholat Sultan. Sak jerone masjid ana Sumur Gumuling sing ana urung-urunge±25 km tumuju ing Parangkusumo. Pulo Panembung  mapan ing sisih kidule Kraton Pula Kenanga. Papan iki kanggo semedi  Sultan. Taman Segaran kaya papan paron mapan sisih wetane Pulo Penambung.
Sakjerone tama nana papan padusan mligi kanggo putrid-putra Sultan diarani Umbul Kawitan. Umbul Pamucar lan Umbul Panguras ana Gedhung Cemeti papane pusaka kraton sakdurunge mlbu ing tlatah taman sari sisih kulon ngeliwati Gapura Agung,ing sisih wetan arah Gapura Panggung.
Taman sari kabangun dening Sri Sultan HB I rikala tahun 1756 rampung kabangun tahun 1765,wujuding wewangunan ana cakrik Protugis, mula sawetara wektu ana kabar yen bangsa Portugis bakal mbiyantu renovasi Taman sari. Kajaba wewangunan ing sajeroning taman uga tinemu meneka warna jinis wit-witan,taman who-wohan ,taman sayuran ,taman obat-obatan,taman kembang,papan semedi lsp. Iang sakiwa tengen ipun Taman Sari ana apapn kursus mbatik,dol tinuku bathik tradisional lsp.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

ORGANISME PENGANGGU PADA TANAMAN PADI DAN CARA PENGENDALIANNYA

UPACARA ADAT JAWA BEKAKAK GAMPNG YOGYAKARTA